Yang bener aja!
Pengen cepet kaya dengan hidup super ngirit, tapi pengen makan enak tanpa ngeluarin modal?! Yang bener aja woy! Ke laut aja orang kaya lu! Serba ga modal idup..
seen from United States
seen from United States
seen from Malaysia

seen from United States

seen from Spain
seen from Venezuela
seen from United States
seen from United Kingdom
seen from United States

seen from T1
seen from Venezuela
seen from Latvia

seen from Denmark
seen from United States
seen from United States
seen from Australia

seen from United States

seen from Australia

seen from United States
seen from United States
Yang bener aja!
Pengen cepet kaya dengan hidup super ngirit, tapi pengen makan enak tanpa ngeluarin modal?! Yang bener aja woy! Ke laut aja orang kaya lu! Serba ga modal idup..

Anya is live and ready to show you everything. Watch her strip, dance, and perform exclusive shows just for you. Interact in real-time and make your fantasies come true.
Free to watch • No registration required • HD streaming
Dioyak-oyak Mumu, Eric, lan Akmal
bajigur! lha iki kok kabeh kritik ketoke kok ora ono sing ngerti film iki to? malah ketoke dho ora gelem ngerti, ora gelem 'ngleboni wetenge kreatore' nek jarene koh oh wingi kae. sing ono meng ece2an soal logika cerita sing ora logis, misale kenopo si cah ayu anyar eneh kae, wah jan matur nuwun tenan mas rudy, kowe mung siji2ne sutradara sing wani nganggo lan nggoleki bintang anyar nggo film2mu, jan untung tenan kowe mbok aku melu nek casting, yo, kenopo dheweke kudu nganggo hotpants terus. lha iki kritik2 iki opo ra tau nongkrong neng senayan city opo yo? lha nek cah ayu kuwi, alah alaaah lucune nek cangkeme nutup ning rodo ketahan behel, trus rodo mbuka ketahan sethithik, wah seksine, lha nek dheke kesusu arep minggat terus waton wae nglebokke klambi karo kathok neng tas yo mestine paling ora bakal ono 342 hotpants sing katut to! piye to wong2 iki dasar mas2 katro! trus soal matine bapake, utawa kenopo dheweke minggat. lha kok akmal, Oh, Gusti! kowe kok yo iso2ne nggambleh: 'simaklah problem pemantiknya yang klise: bapak Shanaz "harus" meninggal lebih dulu, dan sang ibu - betul sekali! - punya rencana menikah lagi dengan seorang om botak yang luar biasa membuat muak sang anak.' (tempo, 27 mei 2007, 125) lha nek koyo ngene iki sopo sing klise, rudi lan monty apa malah kowe dhewe? cah ayu kuwi ngenyek ibune pelacur terus mlayu saka ngomah terus, mung goro2 cah ayu neng eling, ISIH CILIK, kuwi ngomong ngono mau terus kowe percaya wae nek masalahe mung kuwi? lha opo ra tau ndelok dr. phil to? lha kan dheweke isih lara atine, nyesel dheweke ngapusi bapake mlayu2 esok trus malah mati (yo iyo wong ra tau olahraga nyabu terus piye to nduuuk nduk), lha ya gara2 kuwi to sakjane dheweke mlayu. opo kowe ra nggatekne omongane cah ayu kuwi karo dwi sasono neng mburi film pas si dwi ngomong yen dheke yo nyesel tenan ra iso nulungi adhine pas gempa gara2 lagi pacaran karo ningsih terus adhine mati. cah ayu kuwi meneng trus mbrebes lan ngomong lirih2 'o ya, aku ngerti, ngerti banget rasane. kosong.' nek menurutku yo jelas neng kono cah ayu iki ora mung lagi ngomong yen dheweke ngerti artine kelangan wong sing mbok tresnani tapi yo mungkin dheke lagi sadar, mungkin iki, iki kenapa aku minggat soko ngomah wingi! aku isih kelangan bapak, lan saiki aku lagi 'gegabah' ngisi atiku sing 'kosong' kuwi mau. persis koyo kandhane ningsih mau bengi. kabeh petualangan iki, ngguya-ngguyu ndelehke sirahku neng pundhakke mas dwi iki, mung nggo ngisi kothonge atiku mau. aku blas ra dhong, radhongblas!, kenopo kritik2 kuwi koyo ra niat nonton film iki. ra gelem nyerah wae karo critone, malah sibuk ngarang critone dhewe. iki kudune ngono, iku kudune ngene. malah eric komplen soal lighting, walaaaaaaaaahhh. kuwi neng tengah2 film ono awan kelire kuning endhog, indah to, sopo peduli nek ora tau ana awan werna kuning endhog? lha iki nek menurutku mamerke meneh yen akeh wong saiki, ra mung kritik2 iki wae, sing ketoke isih wae nuntut film2 indonesia supoyo dadi realis. supoyo nggambarke donya sing didelok saben dina karo wong2 kuwi. makane dho pada seneng kala kabeh, soale meneng2 menurutku film kuwi malah realis banget, negara antah berantah sing koyo indonesia tapi dudu indonesia kuwi yo nyat indonesia! piye to! wong2 korup, ratu adil, dhemit, kurang klise indonesia piye meneh! wong iki film kok, piye to. kowe iso njeblugke donya terus sesukke ngopi2 neng starbucks, yo mungkin wae! kowe nduwe kekuatan kuwi, lha ngopo ra digunakne. opo realis misale aminah cendrakasih jugujug nyanyi2 neng trem jakarta, utawa kate winslet diantemi karo prajurit lilin? (hayo neng film opooo den2 kritik?) yo apik2 wae to filme. lah nek menurutku film2e rudy lan monty kuwi rodo koyo fabel, alegori, crito2 bibel. moralia ala plutarch. mesti ono morale. ra penting realis opo ndobos! lha nek neng film iki moraliane yo pas ningsih karo cah ayu mau dibandhemi botol aqua pas kabeh wong akhire ngerti yen ningsih sakjane lonthe sarkem. `nek kowe yakin kowe bener, ndhangak nduk, ndhangak,' bisik ningsih neng kupinge cah ayu mau. dheweke malah mung nangis. untung. dadi nutupi sesenggrukanku. isin to. mas2 kok nangis. nyat dadi ono hal2 sing yo ketebak banget, koyo sepeda sing rem-e dhol kae. kabeh wong yo pasti ngerti nek rem-e mengko ra didandakne yo mesti diganti mercy opo opolah pokoke kuwi kan metafor nggo uripe mas dwi, uripe kabeh karakter neng film kuwi, sing yo nyat kabeh nggoleki wong utawa hal sing isa mekso dheweke mandheg wae, rasah mlayu meneh. sik, udud sik, wah kok yo serius men, nggambleh wae aku iki. tingwe, tingwe wae. wah, marem tenan iki mbako nggerjen. tekan ngendi mau? o iyo sakdurunge lali, neng yogja ra ono gunung ric? kok yo percoyo wae karo mumu, dheke kan wong solo, jelas ewa wae karo yogja. lha merapi kuwi neng ndi? sleman? halah, tak kandakne sultane kowe mengko kabeh. arep melu2 mbah maridjan dadi separatis? hehe. bali meneh neng film-e, ngopo kowe dho nggolek2 hubungane film iki mung karo mengejar matahari? mung ben iso ngomong wooo kok ra ono hubungane to? ono ono, mengko tak jelaske, tapi iki sik, kenopo ora nggoleki hubungane karo film-e rudy lan monty sing liyane? ra sah mung sing judule yo ono 'mengejar'-e, kok cethek men to yooo. mungkin kuwi malah iso nulungi kowe luwih ngerteni film iki, utawa paling ora ngerteni rudy lan monty? lha kan film iki sakjane yo podho wae karo mendadak dangdut to? wong sugih mlayu neng kampung, neng kono kudu urip, piye carane urip neng kampung, ra ono starbucks ra ono aksara ra ono casa? trus saka wong2 mlarat kuwi wong sugih mau ajar meneh carane urip sing (luwih) bener. lha ya mung ngono to. dadi misale wong2 sing protes kenopo wong2 mlarat iki didadekne dolanane rudy lan monty lha yo jelas to, film iki nyat didelok soko mripate cah ayu behelan mau, yo wajar to nek dheweke nganggep uripe wong mlarat mung koyo dolanan, gilo ning sekaligus pamer sok hardcore karo kancane neng hapene bar mangan lesehan 'neng pinggir got', utawa gilo karo ningsih sing wis nulungi, malah nyindir 'aku perempuan baik2 kok'. aku malah seneng rudy lan monty ora nggawe cah ayu mau dadi langsung seneng karo ningsih, langsung dadi aktivis lsm hiv/aids sing dadane jembar (wis wis ojo saru!), malah dadi luwih wajar. nduk nduk kok yo mesakke men kowe ra entuk dadi stereotipe abege wae, kudune ngene kudune ngono. lha, iki yo nggawe aku mangkel. kritik2 iki kok yo fasis men to? kathokan hot pants ra entuk, blangkonan ra entuk, lurikan ra entuk, kayunen ra entuk. opo liyane hot pants, cah ayu mau yo kudu nduwe legging motif macan, blus babydoll, skinny jins se7en, lan paling ora telung pasang kaos kegedhen ala cindy lauper? opo mas dwi kudune rambute luwih dowo meneh, nganggo kaos yukensi neng ngendi-endi, kebak tato, nduwe pacar neng hamburg, köln lan perth, senajan dheweke wong sarkem luwih 'realistis' yen dheweke dadi guide? trus dina olivia kudune diganti sopo? mama loren? kok yo ngenyek men kowe kabeh kuwi. ra tau neng sarkem po? sing luwih ayu mbangane dina yo akeh! ra mung sing wedok lhooo. ngopo to kritik2 iki koyo ngono? kok ngritik koyo film-e durung dadi wae, iki ngene kudune, sakjane, luwih apike ngono, walaaah, telat mas! rasah dadi kritik sik nek isih gregetan pingin nggawe film dhewe! o iyo mau hubungane film iki karo mengejar matahari. ngene, dadi nek menurutku rudy kuwi ket mbiyen nyat tertarike karo piye carane menungso kuwi iso tahan urip neng ndonya iki, mulane dheweke ketoke mung tetarik karo menungso lanang, mengejar matahari, 9 naga, trus neng mendadak dangdut dheweke wiwit nggatekke, lha nek wong wedok piye yo? sik menurutku menarik, pas dheweke wiwit nggarap wong wedok iki, film-e banting setir soko tragedi dadi komedi. kenopo? opo menurut rudy lan monty wong wedok ra setragis wong lanang? ra semelankolis? luwih nduwe balung lucu (nek nganggo ukarane koh oh meneh)? iki sing menarik! sing kudune digatekne mas2 kritik kuwi! dudu 'aspek teknis seperti pencahayaan'! hehehe, kok aku yo melu2 dadi fasis! kudune ngene kudune ngono. hehehe. yo wis ben. aku ngerti saiki. nyat marem tenan bulane nggambleh koyo ngene iki. mas mikael.